PRANATA ADICARA PENGANTEN
I.
10 DASAR PROSPEK PRANATACARA
1. Tansaya kathah
priyantun sibuk, PA (pranata adicara)
tansaya laris.
2. Tansaya kepengin
praktis, PA tansaya dipunbetahaken.
3. Kepengin sae saha
maremakane (sukses acara), saha boten
kasupekaken, PA tansaya monjo.
4. Tansaya kathah
tiyang boten mangertos adicara penganten, PA tansaya moncer.
5. Tansaya kathah
gedung pasamuan, hotel, restortan, auditorium kangge upacara penganten (resepsi, wedding party), MC saya PY
(peye alias payu).
6. Tansaya manungsa
menika “individual”, PA tansaya
kabetahaken.
7. Tangsaya kepingin
pininjul ing ajining dhiri (prestise) saha sae (prestasi), PA tansaya kemedol.
8. Kepengin
nedahaken jati dhiri, PA tansaya penting.
9. Tansaya kathah
pengelola paket penganten, PA tansaya begja.
10. Menawi kepengin
nglestantunaken budaya Jawi mliginipun upacara mantu, PA tansaya cetha
pisungsungipun.
II. Saratipun pranatacara
a. Olah swara: logat, pocapan, napas,
tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa
b. Olah raga lan busana:
Olah
raga sapta-MA: 1. magatra : patrap wajar boten dipundamel-
damel
2.
malaksana : luwes, boten ingah-inggih
3.
mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong
4. maraga : boten
rongeh/edheg/gumeter,
mantep,
5.
malagawa : enthengan, trengginas
6.
matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)
7.
mawwat : ngentasi karya
c. Olah basa lan sastra: pilihan tembung,
purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan,
lsp.
Kajawi menika sinengkuyung pirantos
sanesipun kadosta:
a.
pengrengga swara
Ugi
sinebat sound system. Pranata adicara kedah mangesrtos kados pundit mangun
karya kaliyan pangrengga swara. Bab tata papan, urutaning gendhing, sasmitaning
gendhing, lsp.
b.
papan
Papanipun pranata adicara kepara saged dipuntingali sedaya
para rawuh, sampun ngantos adoh sanget, ugi sampun ngantos malah ndhelik.
c.
pawiyatan
Amrih
kawegigan pranata adicara saged profesional perlu sekolah, kursus, utawi dherek
pawiyatan sanesipun. Saged ugi maos buku-buku ingkang sampun wonten ngewrat bab
pranata adicara.
d.
mental
Wonten
tiyang ingkang gadhah mental waja, mental miyur, sah amental ciyut. Amrih
mentalipun kandel kedah kathah gladhen, biasa ngadhepi tiyang kathah (forum),
siap ing materi,
e.
ketewajuhan
Ketewajuhan
inggih menika temen-temen anggenipun nindakaken pakaryan, saged rampung
ngremenaken.
f.
gladhen
Pranata
adicara tetetp terus sarta prelu gladhen utawi latihan amrih sansaya mekar
ilmunipun, landhep yen dipunginakaken, tembenipun katingal wegig, besus,
micara.
g.
kasamaptaan
Pranata
adicara kedah siap sawanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe nguciwani,
samapta ing raga, busana, basa, saha wicara.
III. Titilaksana ing
penganten
A. SIRAMAN
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
1.
Pasang bleketepe & pari
sawuli ing tarub
2.
Ngabekten
3.
Ngracik toya
4.
Siraman (tiyang sepuh &
pinisepuh)
5.
Sesuci (wudlu) dening juru paes
6.
Pecah pamor/pecah kendhi dening juru
paes
|
1.
Pasang bleketepe & pari
sawuli ing tarub
2.
Ngabekten
3.
Ngracik toya
4.
Siraman
5.
Sesuci
6.
Pecah pamor
7.
Pangkas rikma
8.
Bopong/gendhong pungkasan
9.
Tanem rikma
10.
Pecok tumpeng
11.
Dulang pungkasan
12.
Sade dawet.
13.
Nglepas ayam
|
Cathetan:
a. Menawi wonten donga saged kapapanaken
ing badhe pasang bleketepe utawi nalika ngracik toya
a.
Menawi siraman CPK boten dados
satunggal, kedah wonten kintun toya perwita adi sasampuning karacik
B. UPACARA NGERIK
Pranata adicara limrahipun boten
kajibah. Ingkang nindakaken upacara ngerik juru paes.
C. MIDODARENI
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
CPK sapengombyong rawuh:
1.
Pambuka
2.
Pambagyaharja
3.
Pasrah paningset & / CPK
4.
Tampi
5.
Tantingan
6.
Cariyos tumuruning kembar mayang
(Jaka Tarub – Dewi Nawang Wulan) sinambi adicara ngrahabi pasugatan)
7.
Tilik nitik
8.
Busana kancing gelung saha
angsul-angsul
9.
Purna
|
CPK sapengombyong rawuh:
1.
Pasrah paningset & / CPK
2.
Tampi
3.
CPK diunjuki toya wening
CPK & rombongan lenggah, MC
mbuka adicara
4. Pambuka (MC)
5.
Pambagyaharja
6.
Catur Wedha
7.
Tantingan
8.
Nggayuh tumuruning wahyu sajodho
(saged mawi paraga utawi kacariyosaken MC nalika kembul bujana)
9.
Tilik nitik (tuwi CPW)
10.
Busana kancing gelung
11.
Purna
|
D. PANGGIH
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
Gendhing bindri::
1.
Atur sanggan
Gendhing ladrang penganten:
2.
CPW miyos dipunrumiyini kembar
mayang
3.
Kempyok kembar mayang
4.
Balangan gantal
5.
Ranu pada (wijikan)
6.
Pecah antiga
Gendhing boyong pengantin/puspa warna:
7.
Pengantin jajar lumampang
gegandhengan
dhateng sasana mulya
8.
Tampa kaya
9.
Dhahar klimah
10.
Ngunjuk toya wening
11.
Mapag besan
12.
Sungkeman
|
Gendhing Sekarteja/puspawarna:
1.
Pengantin putri miyos lenggah ing
sasana mulya
Gendhing Kebo giro:
2.
Manten kakung rawuh kaliyan
rombongan
Gendhing Kodhok ngorek
3.
Liru kembar mayang
4.
Balangan gantal
5.
Midak antiga
6.
Ranu pada
7.
Minggah luhuring pasangan
8.
Sindur binayang
Penganten kekanthen asta lumampah dhateng sasana mulya
gendhing Larasmaya
9.
Bobot timbang
10.
Wisudha penganten
11.
Kacar-kucur
12.
Dhahar walimahan/dulangan
13.
Ngunjuk toya wening
14.
Mapak besan
15.
Sungkeman
|
Cathetan:
1.
Bubak kawah (mantu sepisan)
kanthi cara ngunjuk rujak degan rujak tape,
sasampunipun ngunjuk toya wening. Menawi
ngangge tradhisi begalan
katindakaken sasampunipun sungkeman.
2. Tumplak
punjen (mantu pungkasan) katindakaken sasampunipun ngunjuk toya wening.
Sasampunipun imbal wacana (putra- bapa), para putra sungkem bapa-ibu, para
putra lajeng kaparingan kampil-kampil isi kacang-kacangan, arta receh, ugi
saged cek, sertifikat, lunci mobil/griya, lsp. Bapak – ibu lajeng nyebar
udhik-udhik, para putra wayah saha tamu sami rayahan. Bokor lajeng katumplak
ing sangajenging sasana mulya.
E. PAHARGYAN ING GEDHUNG
1.
Manten rawuh kairing gendhing,
Sala: kebo giro, Yogya: bindri.
2. Manten
mlebet kairing gendhing, Sala: Larasmaya, Yogya: Ladrang penganten/Gati
Padhasih/boyong temanten
3. Manten
lenggah ing sasana mulya
4. MC
mbuka adicara
5. Pambagyaharja
6. Donga (menawi wonten)
7. Jawat asta saha kembul
bujana
8. Purna
Ingkang kedah
dipungatosaken ing gedhung:
- Kedah nuhoni wekdal (on time/tepat waktu). Awit menawi
mundur sekedhap kemawon, tamu sampun numpuk. Kahanan mekaten kirang nges,
acara kesesa-sesa, gedhung kebak, dhahar kirang nikmat, sumuk, hawa
benter, lsp.
- Koordinasi foto kaliyan pranata
adicara bokbilih wonten tami mirunggan (VIP :Very Important Person). Ingkang dados petugas saenipun
sampun apal tamu VIP kasebat.
- Koordinator foto menika kedah
kompak kaliyan stoper (ingkang ngendhek antrian tamu). Tamu VIP rawuh,
salaman, foto lajeng dhahar. Adatipun menawi sampun mandhap sarta dhahar
dipunaturi malih sampun kangelan (boten kersa).
- Menawi tamunipun kathah, foto
VIP saged katindakaken mangke, mesakaken tamu menawi kedah nengga foto
kamangka antrian rengket sanget (jejel riyel). Foto VIP kanthi dipunaturi
sasampunipun dhahar utawi wekdal longgar. Panci wonten kirangipun, kadhang
kala tamu sampun kelajeng kondur, utawi boten kersa. Pramila kedah on time.
- Wonten tiyang ingkang
dipunpasrahi ngreksa pundhi, sampun ngantos kabekta tamu boten kaundang
alias maling.
- Prakawis dhahar, panitiya
kaliyan catering kedah kompak.
F. TULADHA WICARA PAMBUKA
1. Nuwun, para pepundhen ingkang satuhu
kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu ingkang
minulya, sarta kadang kula wredha miwah mudha ingkang sutresna.
Sumangga tansah kula
dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan
asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang
tanpa pepindhan.
Para tamu ingkang minulya, keparenga kula
ingkang mundhi dhawuhipun Bapak Suharmanto ngaturaken menggah rantamaning titi
laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Titi laksana rinantam mekaten:
…………………………………
2. Nuwun,
Wonten ngarsanipun para Kyai
alim ulama ingkang tansah sumandhing mring kitab suci, hambabar ngelmi jatining
panembah. Para pepundhen ingkang dahat
kinurmatan, para tamu, kadang wredha miwah muda ingkang tuhu sutresna ing
budaya.
Keparenga kula sakadang
ingkang manunggal ing paket pernikahan
Larasati wedding organiser nyuwun tambahing pangestu, awit saking mradapa
dhawuhipun Bapak Suharamanto kinen nglantaraken tumapaking gati adicara
pawiwahan ing wanci menika, arsa dhaup palakrama sang Dyah Ayu Retnawati
kaliyan Bagus Sulistya. Namung saderengipun sumangga tansah kula dherekaken
muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah swt. Ingkang sampun ngluberaken
kanugrahan, kanikamatan satemah kula miwah panjenengan saged nunggal makempal
ing sasana riki saperlu paring paseksen sarta hangestreni dhaupipun calon
pinangaten.
Menggah rantamaning adicara
pawiwahan ing wanci menika rinacik: ………
3. Nuwun, mugi kinalisna ing
sarusiku, tinebihna ing tulak sarik bendu panyendhu anggen kula kumawani ngadeg
wonten ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta paripaksa nigas wacana
munggel pangandikan para tamu ingkang nembe sekeca imbal wacana. Sedaya wau
awit saking mradapa mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu Suhardi kinen ngaturaken menggah
rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.
Para pepundhen ingkang dahat pinundhi, para
pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu
wredha miwah taruna ingkang sutresna.
Sumangga tansah kula
dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkangs
ampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kebagaswarasan,
satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana riki saperlu
paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten
sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.
Menggah rantamaning titi
laksana rinacik mekaten: ……………………
4. Nuwun, kawula nuwun, mugi karaharjan,
kamulyan, kabagyan tansah tumedhak saha tumanduk, kajiwa, kasarira mring
sanggya para tamu ingkang minulya.
Wonten ngarsanipun para
pepundhen ingkang minulyeng budi, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang
kinabekten, para satriya manggalaning bangsa kusuma nagara ingkang pantes
tinulad sinudarsana, para winasis ing pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur,
sarta para tamu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken
tansah muji syukur ing ngarsaning Pangeran kanthi puja-puji pudyastuti. Kanthi
sih wilasanipun kula miwah panjenengan saged ing sasana riki saperlu suka pasekesen
sarta paring puji donga pangestu hangestreni dhaupipun Dyah Ayu Retnawati
kaliyan Bagus Sulistya.
Para rawuh ingkang minulyen budi, kula minangka
pambiwara keparenga mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapak
Hardimanto kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana pawiwahan ing
wanci menika. Menggah titi laksitaning gati adicara pawiwahan rinacik mekaten:
…………………………………
5. Lumintuning pudyastawa mugya hambabar daya
pangaribawa ingkang tumedhak miwah tumanduk mring para kawula dasih kaswasih,
kacihna ing ari kelenggahan menika kula miwah panjenengan pinaringan lilah
mring Gusti kang Mahamirah saged kempal manunggal ing wismanipun Bapak
Suharmanto kinen suka paseksen, hangestreni, sarta asung puji padonga rahayu
palakramanipun Dyah Ayu retnawati kaliayan Bagus Sulistya.
Para pepundhen ingkang ambeg berbudi darma,
para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dahat kinabekten, para pamong pangembating
praja ingkang minangka pandam pandom pepanutaning kawula dasih, miwah para tamu
ingkang minulya.
Kula ingkang kapiji dening
Bapak Suharmanto nun inggih ingkang hamengku gati keparenga ngaturaken menggah
rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Rantamaning
adicara pawiwahan rinacik mekaten: …………………...
G. PANUTUPING ADICARA
Sanadyan ing pungkasaning adicara kadangkala para tamu
sampun kirang kawigatosan dhumateng pranata adicara, nangingkedah kaudi amrih
tetep saenipun. Menika adamel sengsem saha tabet ingkang pungkasan. Gampilipun
saged dados cara promosi satemah
pranata adicara sansaya laris. Sampun ngantos kesupen ing pungkasaning adicara
kedah nyuwn pangapunten kalumun kithaling basa, kirang runtuting ukara, singlar
ing tata krami.
Ing
ngandhap menika tuladha wicara panutuping adicara.
TULADHA PANUTUPING ADICARA
1. Para rawuh ingkang minulya kados
sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi pethiting titi
laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken
tumapaking adicara ndhereka mangayubagya dhumateng risang penganten,
sageda gedang manggih kamulya sarta karaharjan. Sarta ngaturaken agunging
panuwun dhumateng Bapak Suharmanto, bilih kula sakdang sampun pinitados
ndherekaken lumampahing titilaksana pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus
Sulistya.
Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna
dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparengga paduka
ingkang hamengku karsa miwah para tamu paring pangsaksama. Nuwun.
2. Purwa, madya, wus dumugi pungkasaning
adicara. Kula sakadang saking Vidi
Wedding organizer ingkang ndherekaken adicara ndherek mangayubagya
dhumateng risang penganten sarimbit, ssageda nggayuh gesang ingkang atut runtut
rerentengan ngantos kaken-kaken ninen-ninen kadya mimi hanimtuna. Kula ugi
ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken gatining laksana
pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten kalepatan, kirang pana ing pandhapuking
basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk
karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit saking bodho kawula, pungkasaning
atur sedhah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen wonten lepat
kawula. Nuwun.
3. Puput pepuntoning adicara, wus dumugi
paripurnaning gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken gatining laksana, dherek
mangayubagya risang penganten mugi saged nggayuh gesang ingkang mula kebak ing
kabgayan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah mawaddah warahmah. Bokmenawi anggen
kula ngracik saha mranata laksitaning adicara wonten ingkang cicir cewet adamel
kuwica, mugi bapak Suharmanto sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken
sih samodraning aksama. Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti
jaya-jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.
4. Titi tamat gatining panganggit tumapaking
agti adicara pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kalyan bagus Sulistya. Mugi saged
ndhapuk kulawarga ingkang bagya mulya, hayem tentrem, runtang-runtung
rerentengan kadya mimi hamintuna. Kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng
kulawarga ingkang sampun midatos dhumateng kula kinen ndherekaken tumapaking
gati, kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, kirang trep mapanaken
subasita miwah tata krama, mugya para rawuh kersa nguleberaken tirtaning
kawicaksanan. Pungkasaning atur jenang sela, sela kang pindha ancala, apuranta
cinandhi salama-lama. Nuwun.